Selasa, 12 Maret 2019

Naskah pidato Bahasa Jawa tentang Upacara Adat

Pidato Basa Jawa : Acara Aqiqah

Pidato basa jawa mengangkat tema aqiqahm gunakan untuk menyambut pada permulaan acara..

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal niki kito saget ndugeni undanganipun bapak;…. sekeluarga ing dalem acara walimah aqiqoh.

Shalawat ugi salam, mugiyo tetep dipun paringaken dumanteng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu lan leres. Mugiyo kito kelbet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu lan leres.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Ing wakdal wengi niki inggih meniko wengi ingkang kaping pitu saking kelahirane nyogo ingkang kaping setunggal saking bapak

… lan saking ibu ingkang asmo;…..Lan saking raosipun syukur lan bingah dumateng Allah swt. kulo lan panjenengan sedoyo wakdal niki dipun undang kaperlu tasyakuran ing dalem acara aqiqohi nyogonipun.

Kito sedoyo kedah sumerep mbok beleh aqiqoh niki sunnat hukumipun. Kados pengendikane nabi saw. wonten hadits riwayat Bukhari saking Salman bin Amar Adh Dhahabi, ingkang artosipun:

“Saktemene anakiku nduweni hak diaqiqohi. Mongko kanggo

deweke tumpahno getih lan adohno marang penyakit saking

deweke (kelawan nyukur rambute).”

Semanten ugi ing dalem hadits riwayat Thirmidzi saking Aisyah radhiyallahu anhu ngucap, saktemene nabi saw. ngendiko :

“Kanggo anak lanang iku disembelihno wadus akehe loro ingkang sami umure. Lan kanggo anak wadon iku disembelihno wedus siji”.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Mekaten kolo wahu sambutan kulo, kirang langkungi kulo nyu-wun agunge pangapunten dumateng poro rawu sedoyo.

Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.


































































sumber: brainly.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar